Biyen ana salah sawijining dhaerah Jawa sisih kulon sing sugih dewe
ana desane. Penduudk kana penghasilane saka buruh tani neng nggone wong sugih
mau, sing karo penduduk kana dijuluki Pak kikir. Deweke nduwe anak lanang.
Menyang anake dewe wae cethil, ning anake watake apik. Tanpa dingerteni bapake,
deweke kerep mbantu tanggane sing kesusahan.
Salah sawijining dina Pak Kikir ngeterake syukuran. Anggepe wong
desa kana syukuran dileksanakake supaya hasile panen akeh amarga wedi yen panene
gagal. Pak Kikir kepeksa ngenekake slametan, kabeh warga desa diundang Pak
Kikir. Wong desa ngira yen arep oleh panganan sing enak-enak saka slametan,
jebule Pak Kikir Cuma nyediani panganan karo lawuh sing sederhana, terus
wong-wong sing ora kebagihan batine pada nggrundel.
Pas ngenekake slametan kuwi, ana salah sawijining wong wedok tuwo
jalok sedekah marang Pak Kikir, nanging karo Pak Kikir ora diwenehi malah
digetak dikongkon lunga saka kana nanging simbah iku mau nangis amarga karo Pak
Kikir ora diwenehi sedekah malah ditundung saka kana. Simbah mau sedih banget
terus enggal-enggal lunga saka omahe Pak Kikir. Nanging anake meneng-meneng
nututi simbah mau teka ujung desa seperlu menehi panganan jatah mangan awan
anake.
Mripate simbah mau karo nangis seneng amarga diwenehi pangan karo
anake Pak Kikir, simbah mau terus mangan karo ndongakake anake Pak Kikir
muga-muga uripe mbesuk dadi mulyo. Anake Pak Kikir sakwise pethuk simbah mau
nyuwun pamit arep muleh. Sawise anake Pak Kikir muleh simbah mau nerusake laku.
Saka punthuk ikumandhek sedela saperlu ngingetne omahe Pak Kikir, pancen omahe
Pak Kikir paling sugih dewe. Simbah mau nesu ngerti kelakuane Pak Kikir.
Ndongakake Pak Kikir muga-muga ora slamet.
Smbah mau langsung ngenceake penthung ana ing lemah, banjur di
cabut maneh, saka tatune penthung mau banjur mili banyu sing deres banget. Saya
suwe banyu kuwi mili neng desane Pak Kikir, terus desa kuwi dikepung banjir.
Kabeh wong desa padha bingung. Pak Kikir ngomongi wong-wong desa kon ngungsi,
mlayu ana punthuk. Banjir mau saya gedhe, omah-omah pada kelem. Anake Pak Kikir
isih ngomongi wong desa supaya cepet-cepet ngusi, nanging bapake ora gelem
amarga abot karo donyane, banjur anake mlayu ngusi nanging bapake isih
nglumpukne donyane lan Pak Kikir telat oleh ngusi akhire klelep digawa banjir.
Seperangan penduduk akeh sing slamet kalebu anake Pak Kikir. Wong
desa padha susah amarga desane klelep. Banjur wong-wong mutusne arep golek
daerah sing anyar, wong desa milih anake Pak Kikir dadi lurah sing anyar. Anake
Pak Kikir ngomongi wong desa kon nggarap sawah sing wis di dum rata. Pak lurahe
marahi kon tani. Desa kuwi diarani Desa Anjuran. Wong desa kuwi manut karo
anjurane Pak Lurah. Suwe-suwe desa kuwi maju dadi kutha cilik sing diarani
Cianjur.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Mohon tinggalkan komentar