Wonten ing satunggaling dusun, wonten
kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra
kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka
Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati
kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika
dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten.
Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha.
Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten
ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten
lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge
mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados
konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu
amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten
sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten
putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget
wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal
punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu,
amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun
wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri
sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi
sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten
percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget
amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami
gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan
widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun
wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila
piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal
widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari.
Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub
lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub,
widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid
saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang
reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan
adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep.
Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos
isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun
adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika
kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados
satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun
tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten
lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi
kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun
klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi
sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih
lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen
kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan
wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang
Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan
manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados
manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara
kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi
Roro Kidul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Mohon tinggalkan komentar