Jaman biyen nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka
kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah.
Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa.
Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.
Gunung Bromo esih tenang,
ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing
sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui
bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon.
Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona
kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening
cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang.
Raine
ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing
suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair,
anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget,
tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko
Seger, sing artine sing sehat lan kuat.
Ing
panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka
titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing
panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu dilairake
seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.
Rara
Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu
jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja
pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo
Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat.
bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak
pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing
tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau
ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti
srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng
kui.
Bajak
sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh
kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane
gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara
Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet
cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku
nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu.
Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni
kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung
metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing
dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung
Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Mohon tinggalkan komentar